[go: up one dir, main page]

Menyang kontèn

Ngastina

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Ngastina utawa Astinapura utawa 'Hastinapura (Sansekerta: हस्तिनापुर) iku kutha lan Nagar Panchayat ing distrik Meerut, Uttar Pradesh, praja India. Astinapura utawa Hastinapura asal saka tembung Hasti (gajah) + Pura (kutha). Akèh lelakon ing carita Mahabharata sing kadadéan ing Astinapura. Ing mangsa saiki, kutha iki karan Hastinapura, siji kutha cilik sing dumunung ing Uttar Pradesh, leté watara 120 km saka Delhi. Ing kutha iki akèh tinemu objek wisata sing narik kawigatèn kaya Kuil Jain lan Taman Nasional Hastinapur.

Hastinapura sajeroning Mahabharata

[besut | besut sumber]

Kutha Astinapura iku pusat papréntahan karajan para Kurawa (keturunan Kuru, Dinasti Kuru) sing uga muncul sajeroning kisah èpik Mahabharata.

Para Ratu Astinapura

[besut | besut sumber]

Para Ratu Astinapura iku katurunan Ratu Bharata lan Ratu Kuru, mula karan Wangsa Kurawa (Kuruwangsa). Sajeroning kitab Mahābhārata, kisah séntral Para Ratu Astinapura diwiwiti saka katurunan Prabu Santanu. Prabu Santanu duwé garwa loro, yaiku Dèwi Gangga lan Satyawati. Saka kekarone, Prabu Santanu duwé putra telu, yaiku: Bhisma, Chitrāngada, lan Wicitrawirya. Bhisma lair saka Dèwi Gangga dené Chitrāngada lan Wicitrawirya lair saka Dèwi Satyawati.

Bhisma wis sumpah ora bakal kawin, déné Chitrāngada palastra ing yuswa anom nalika tarung lawan Raja Gandharwa sing jenengé padha. Sauntara iku Wicitrawirya dinikahaké karo loro putri saka Karajan Kasi, yaiku Ambika lan Ambalika. Nanging Wicitrawirya séda tanpa katurunan. Supaya tahta karajan bisa diwarisaké, kaloro randha Wicitrawirya dipasrahaké marang Resi Byasa sing isih duwé gayutan kakrabatan karo kulawarga karajan.

Resi Byasa nganakaké ritual nyuwun anak. Sawetara wektu sawisé iku kaloro randha Wicitrawirya banjur ngandhut. Saka Ambika lair Dréstarastra sing wuta. Saka Ambalika lair Pandhu sing pucet praupané. Saka panyuwunan Dèwi Satyawati, Resi Byasa kersa nerusaké upacara lan Dèwi Satyawati ndangu siji peladèn anama Sudri. Saka peladèn iki lair Widura.

Para Raja Astinapura sajeroning Mahabharata
Jeneng Katrangan
Santanu putra Pratipa
Chitrāngada putra pambarep Santanu, séda ing yuswa anom sajeroning paprangan
Wicitrawirya putra ragil Santanu, séda ing yuswa amum tanpa katurunan
Pandhu putra Alm. Wicitrawirya karo Ambalika (sawisé upacara putrotpadana)
Dretarastra putra Alm. Wicitrawirya karo Ambika (sawisé upacara putrotpadana)
Yudistira putra sulung Pandu karo Kunti
Parikesit putra Abimanyu (putra Arjuna, adik saka Yudistira) karo Uttara
Janamejaya putra Parikesit

Astinapura ing pewayangan Jawa

[besut | besut sumber]

Ing kawruh pedhalangan, Astinapura kaaran Ngastina. Dene kang jumeneng nata ing Ngastina miturut layang Bauwarna yaiku :

  1. Prabu Palasara sinangkalan: sirna ilanging swara (700) Ehe.
  2. Prabu Kresnadipayana (Abyasa) sinangkalan: panêmbahing wong pitu (712) Be.
  3. Prabu Pandu Dewanata, sinangkalan: gapura siji anywara (719) Dal.
  4. Prabu Dhestarata, sinangkalan: amisaya bujaning pandhita (725) Jimawal.
  5. Raden Kurupati, Prabu Suyudana, Prabu Duryudana, R. Jayapitana, sinangkalan: salira sinêmbah ing pandhita (728) Be.
  6. Prabu Yudhistira, Prabu Darmaputra, R. Puntadewa bubar prang Bratayuda, sinangkalan: salira warnaning suka (748) Ehe.
  7. Prabu Kresnadipayana, R. Parikêsit, rupaning buta pêpitu (751) Dal.
  8. Prabu Yudayana, sinangkalan: mantri wolu umatur (783) Dal.
  9. Prabu Gendrayana, sinangkalan: warna anrusing swara (794) Jimakir.[1]

Deleng uga

[besut | besut sumber]

Rujukan

[besut | besut sumber]


 
Wiracarita Mahābhārata
Para Pandawa Lima

Daftar Kitab: | Adiparwa | Sabhaparwa | Wanaparwa | Wirataparwa | Udyogaparwa | Bhismaparwa | Dronaparwa | Karnaparwa | Salyaparwa | Sauptikaparwa | Striparwa | Santiparwa | Anusasanaparwa | Aswamedikaparwa | Asramawasikaparwa | Mosalaparwa | Prasthanikaparwa | Swargarohanaparwa |
Paraga wigati: Pandhawa | Korawa |
Artikel kagandhèng: Astadasaparwa | Bhagawad Gita | Bharatayuddha |


  1. Padmasusastra. Layang Bauwarna - 1898 (ing basa Jawa).