Abimanyu
Abimanyu (Sangskreta Abhimanyu) iku sawijining paraga saka wiracarita Mahabharata. Dhèwèké putrané Arjuna lan Dèwi Wara Sembadra. Papan dunungé ana ing kasatriyan Tanjunganom iya Plangkawati.
Miturut tradisi India
[besut | besut sumber]Abhimanyu iku putra Arjuna karo garwané sang Subhadrā lan mula iku ditepungi mawa jeneng métronimik Saubhadra.[1] Dhèwèké matèni Lakṣamaṇa, putrané Duryodhana ing dina kapindho Bhāratayuddha.[1] Nanging ing dina kaping 13, dhèwèké dhéwé palastra.[1] Abhimanyu iku bagus banget lan garwané ya iku Uttarā, putriné Ratu nagara Wirāṭa.[1] Putrané, sang Parikṣit bakal jumeneng dadi ratu ing Hastinapura.[1]
Gambarané Abimanyu
[besut | besut sumber]Ing padhalangan, Abimanyu iku digambarké kadidéné satriya kang bagus citrané, alus budiné, nanging wataké getapan (gampang nesu) lan gampang mara-tangan.
Kaya ingkang rama, Abimanyu kondhang kadidéné satriya utama kang kuat tapabratané, mula Abimanyu klakon kasinungan wahyu-wahyu kanaréndran, kaya ta Wahyu Cakraningrat, Wahyu Widhayat, wahyu Antatwulan, lan sapituruté. manut wecaning déwa sapa kang kadunungan wahyu mau bakal bisa dadi naréndra gung binatara. Nanging Abimanyu ora nganti klakon madeg ratu, jalaran dhèwèké palastra ing paprangan ing Tegal Kurusetra kanthi dikrocok gegaman lan dikroyok déning para Kurawa.
Dasanama
[besut | besut sumber]- Angkawijaya
- Partasuta
- Sumbadraja
- Aribawa
- Jayamurcita
- Arjunatanaya
- Kiritiatmaja
- Jaka Pengalasan
- Wanudara
- Pamulatsih
- Banjaransari
- Bimamanyu
Abimanyu nalika isih bocah
[besut | besut sumber]Nalika isih dadi bocah, Abimanyu klakon nyirnakaké nata ing Plangkawati, Prabu Angkawijaya lan patihé aran Jayamurcita, kang nduwé kekarepan arep nggarwa Déwi Wara Sumbadra kang wis diwengku garwa déning Arjuna lan peputra Abimanyu. Prabu Angkawijaya lan Jayamurcita tiwas saka tangané Abimanyu. Sukmané manjing ana ragané Abimanyu, lan nagarané uga banjur dadi kasatriyané Abimanyu.
Abimanyu dhaup
[besut | besut sumber]Abimanyu pisanan dhaup karo Dèwi Siti Sundari (Siti Sendari), putriné Prabu Sri Bathara Kresna ing Dwarawati. Dadi Abimanyu iku putra mantuné Prabu Kresna. Sabanjuré kanthi sesidheman uga krama olèh Déwi Utari, putriné Prabu Matswapati ing Wiratha, patutan siji asma Radén Parikesit iya Paripurna kang ing tembéné jumeneng nata ana nagara Ngastina sabubaré perang Baratayuda kanthi jejuluk Prabu Kresnadwipayana, (nunggak semi karo jejuluké ingkang éyang buyuté, Abiyasa iya Wiyasa). Abimanyu gugur ing pabaratan sadurunge Parikesit lair.[2]
Guguré Abimanyu
[besut | besut sumber]Ing Perang Baratayuda, Abimanyu bisa klakon mbedhah gelar perang Cakrabyuha, kang dipandhégani Pandhita Durna nadyan akhiré palastra kanthi tatu arang kranjang amarga diranjap gegaman marang Kurawa. Mula lakon Abimanyu palastra uga asring karan "Ranjapan Abimanyu Gugur" kang pancèn ngeres-eresi.
Abimanyu lan Lesmana mati sampyuh
[besut | besut sumber]Ing peperangan, Abimanyu wis tatu arang kranjang lan katon tanpa daya, nanging isih tetep maju. Lesmana Mandrakumara iya Raden Sarojakusuma (putrané Prabu Duryudana, nata Ngastina) kang péngin mrejaya Abimanyu, banjur maju nyaketi karo nggawa keris ligan. Keris iku arep kanggo nyuduk Abimanyu, nanging kurang prayitna. Abimanyu tetéla isih nggagem keris Kyai Pulanggeni. Lesmana namaké kerisé marang Abimanyu kang njalari tumekèng pati. Nanging sadurungé sukmané oncat saka ragané, Abimanyu uga kasil nyuduk Lesmana Mandrakumara nganggo Pulanggeni nganti Lesmana tumekaning pati. Kekaroné mati sampyuh. Weruh Lesmana Mandrakumara mati, Jayadrata (bapa pamané Lesmana) ngepruk sirahé Abimanyu kang wis tanpa daya nganggo gada Kyai Glinggang saéngga musthakané ajur mumur. Abimanyu palastra ing madyaning rananggana. Para Kurawa surak ambata rubuh. Goteking wong akèh kang matèni Abimanyu iku Jayadrata iya Tirtanata.
Sawisé Abimanyu palastra
[besut | besut sumber]Udan tangis para pepundhén Pandhawa. Arjuna sumpah, yèn dina iku uga ora bisa matèni Jayadrata, dhèwèké luwung lampus dhiri. Déning para Kurawa Jayadrata diumpetaké ing gedhong waja. Dijaga rapet, pamrihé supaya aja nganti bisa dipatèni Arjuna lan Arjuna dhéwé supaya klakon "tata glondhong" lampus dhiri kanthi cara pati obong. Nanging bab iku diwuningani Prabu Kresna (botohé Pandhawa). Jayadrata dipancing murih ngungak kaanan njaba liwat jendhéla. Ya nalika Jayadrata anguk-anguk liwat jendhéla iku, Arjuna nglepasaké jemparingé Kyai Sarotama. Ngenani janggané Jayadrata saéngga tugel thel lan sirna margalayu.
Saguguré Abimanyu, Dèwi Siti Sendari nedya bela pati, ambyur ing pancaka utawa tumangan. Déné Dèwi Utari kang nalika iku nembé mbobot sepuh wijining calon ratu tlatah Jawa isih bisa digondhéli déning para pepundhèn.
Serat kasusastran Jawa klasik
[besut | besut sumber]Serat Wirayawita
[besut | besut sumber]Salah sijining wohing kasusastran Jawa klasik kang nyritakaké guguré Abimanyu pengawak kusuma kang wedi wirang wani mati iki, ya iku serat Wirawiyata. Serat wujud tembang sinom puniki anggitané pujangga kaloka Mangkunagara IV.
Cuplikan tembang sinom iku mangkéné: "Déné kadi Sang Partasuta, Bimanyu kala tinuding, Mangrurah kang gelar cakra, Déning Sang Yudhistira ji, Sukaning tyas tan sipi, Dupi rinoban ing mungsuh, Kesthi trahing satriya, Wedi wirang wani pati, Yekti mangku tamsiling para prawira".
Kaya kawuningan, isining Serat Wirawiyata anggitané Mangkunagara IV iku pancèn wujud piwulang bab kaprajuritan.
Serat Tripama
[besut | besut sumber]Yoganira kang para prajurit, lamun bisa anuladya, duk ing nguni caritané, andel ira Sang Prabu Sasrabahu ing Maèspati, aran Patih Suwanda, lalabuhanipun, kang ginelung triprakara, guna kaya purun ingkang den antepi, nuhoni trah utama[3]
Liré lalabuhan triprakawis, guna bisa sanès kareng karya, binudi dadya unggulé, kaya sayektinipun duk bantu prang Manggada nagri, amboyong putri domas katur ratunipun, purue sampun tetéla, aprang tanding lan ditya Ngaka nagri, Suwanda mati ngrana
Serat Tripama uga nyiratakaké bab guguré para paraga wayang lan nyeritakaké tuladha kang becik saking para paraga wayang: Arjuna Sasrabahu, Patih Suwanda (Bambang Sumantri), lan Kumbakarna.
Uga delengen
[besut | besut sumber]Réferènsi
[besut | besut sumber]Bibliografi
[besut | besut sumber]- John Dowson, 1992, A Classical Dictionary of Hindu Mythology and Religion, Geography, History and Literature. New Delhi: Heritage Publishers
Pranala njaba
[besut | besut sumber]- Abimanyu ing Bausastra Javanese Dictionary Archived 2011-02-13 at the Wayback Machine. (bausastra.com)
Wiracarita Mahabharata déning Krishna Dwaipayana Wyasa | |
---|---|
Para paraga | |
Dinasti Kuru | Paraga liya |
Santanu | Gangga | Bisma | Satyawati | Citrānggada | Wicitrawirya | Ambika | Ambalika | Widura | Dretarastra | Gandari | Sangkuni | Subadra | Pandu | Kunti | Madri | Yudistira | Bima | Arjuna | Nakula | Sahadewa | Duryodana | Dursasana | Yuyutsu | Dursala | Drupadi | Hidimbi | Gatotkaca | Ahilawati | Utara | Ulupi | Citrānggadā | Amba | Barbarika | Babruwahana | Irawan | Abimanyu | Parikesit | Wiratha | Kicaka | Krepa | Drona | Aswatama | Ekalawya | Kertawarma | Jarasanda | Satyaki | Mayasura | Durwasa | Sanjaya | Janamejaya | Resi Byasa | Karna | Jayadrata | Kresna | Baladewa | Drupada | Hidimba | Drestadyumna | Burisrawa | Salya | Adirata | Srikandi | Radha |
Topik kagandhèng | |
Pandawa | Korawa | Hastinapura | Indraprastha | Krajan ing Mahabharata | Perang ing Kurukshetra | Bhagawad Gita | Krajan Kuru | Silsilah Pandawa lan Korawa |