[go: up one dir, main page]

Menyang kontèn

Ondol

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Ondol
Hangul온돌 / 구들
Hanja
Alihaksara Koréa Kang SinampurnaOndol / Gudeul
McCune–ReischauerOndol / Kudŭl

Ondol utawi gudeul, inggih punika sistem pemanas ruangan tradhisional wonten ing Koréa. Ondol punika gadhah mupangat kanggé mindhah panas ingkang dipunasilaken déning obongan kayu saking tungku pengobongan ingkang dipunaliraken saking sekat-sekat ingkang dipundamel wonten ing sangandhaping jogan (lantai). Ing pangginaan ing jaman modèrn, ondol punika tumuju ing samubarang pemanas ingkang wonten ing ngandhaping lemah, ingkang wonten ing hotèl ugi ingkang wonten ing griya gaya Kulon ing Koréa. Komponèn-komponèn ingkang wigati saking ondol tradhisional inggih punika perapian (agungi; 아궁이) ingkang dipungabung kaliyan ruangan (padatanipun punika kamar kanggé sare lan pawon) ingkang kajangkepi kaliyan saluran horizontal ing sangandhaping jogan kanggé ngaliraken hawa anget lan cerobong beluk vertikal.

Sajarah

[besut | besut sumber]

Panggunaan oncol wiwitan

[besut | besut sumber]

Situs ondol tuwa dhéwé punika kapanggih wonten ing setunggaling situs arkéologis nalika jaman perunggu kanthi tarikh kirang langkung 1000 SM wonten ing Unggi, provinsi Hamgyeong Lor, Koréa Lor. Saking situs mau kapanggih turahangudeul wonten ing situs pamukiman purba.[1]

Istilah "gudeul" sajatosipun langkung dipun-ginakaken saking 2000 taun kepengker wonten ing Koréa, déné istilah "ondol" nembé medal nalika abad kaping 19.[2] Adhedhasar panalitèn setunggaling sejarawan Son Jintae (1900 - ical nalika masa Perang Koréa 1950-1953), Gudeul punika asalipun saking tembung guun-dol ingkang ateges watu ingkang dipunpanasaken. Lajeng pocapanipun éwah saking gudol utawi gudul dados gudeul. Istilah ondol punika saking karakter hanja saking Basa Tionghoa.

Ondol modern

[besut | besut sumber]

Ondol sampun dipun-ginakaken kawit dangu déning tiyang Koréa kanggé damel angeting griya kanggé lelampahan padintenan kados ta dhahar, lenggah, lan saré nalika jaman rumiyin. Lajeng dumugi griya kanthi gaya kilenan ing jaman sapunika. Ondol tradhisional ngginakaken bahan bakar kayu geni garing, batu bara, damen, utawi sampah tetanèn. Kanggé masak kanthi wekdal ingkang sekedhap damen pari lan sampah tetanèn padatanipun dipun-ginakaken. Déné kanggé masak kanthi wekdal ingkan dangu lan kanggé damel anget griya punika nganggé kayu geni. Bahan bakaripun dipunisi kanthi arang utawi asring (kaping 2-5 satunggal dinten) punika gumantung kaliyan kawontenan mangsa lan wekdalipun masak.

Ondol tradhisional celak kaliyan tungkung pengobongan lan mliginipun kanggé damel anget tiyang sepuh ugi dhayoh ingkang dipunkurmati. Kirangipun ondol konvensional inggih punika papan ingkang winates ingkang saged dipundamel anget saéngga saged kadadosan anget ingkang linangkung. Kukus saking pangobongan ingkang ngandhut karbon monoksida punika saged damel polusi. Awit saking punika, sapunika griya ingkang modern ing Koréa sampun wiwit ngginakaken ondol ingkang ramah lingkungan saking taun 1960-an kanthi ngubungaken jogan kaliyan sistem pemanas toya utawi pemanas elektrik. Sapunika ondol sampun dipun-ginakaken wonten ing kutha-kutha ageng, déné ing laladan padésan taksih wonten ing ngginakaken ondol konvensional.

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. "History of Ondol". Diarsip saka sing asli ing 2011-07-22. Dibukak ing 2013-03-24.
  2. "Etymology of Ondol". Diarsip saka sing asli ing 2008-03-07. Dibukak ing 2013-03-24.