Dhéwan Ékonomi lan Sosial PBB
| |||||
The room of the United Nations Economic and Social Council. UN headquarters, New York | |||||
Tipe Organisasi | Primary Organ | ||||
Akronim | ECOSOC | ||||
Pamimpin | President of ECOSOC (one year term) | ||||
Status | Active | ||||
Madeg | 1945 | ||||
Website | www.un.org/docs/ecosoc | ||||
Wikimedia Commons |
United Nations Economic and Social Council | ||||
Portal | United Nations Portal |
---|
Dewan Ékonomi lan Sosial (ECOSOC) Perserikatan Bangsa-Bangsa tugasé mbantu Sidang Umum PBB sajeroning upaya ngundhakaké kerjasama lan pangyasa ékonomi lan sosial international. ECOSOC duwé 54 anggota, kabèh pinilih déning Sidang Umum PBB kanggo mangsa kalungguhan telung taun. Présidhèn ECOSOC dipilih kanggo mangsa setahun lan dipilih saka wakil nagara-nagara cilik lan madya. ECOSOC nganakaké patemon setaun pisan ing sasi Juli sajeroning patang minggu. Wiwit taun 1998, ECOSOC nganakaké patemon liya saben April karo Mantri-mantri Kauangan kang mimpin komite kunci saka Bank Donya lan International Monetary Fund (IMF). Pisah saka badan kusus kang dikoordinir, fungsi ECOSOC kalebu bab ngumpulaké informasi, mènèhi pamrayoga marang nagara anggota, lan nggawé rekomendhasi. Saliyané iku, ECOSOC uga wigati tumrap nyelarasaké kawicaksanan lan koordinasi fungsi-fungsi kang tumpang tindhih ing badan-badan ngisoran PBB lan ing peran iki ECOSOC aktif banget.
Présidhèn ECOSOC
[besut | besut sumber]Présidhèn ECOSOC ya iku Dalius Čekuolis, saka Litowen. Présidhèn ECOSOC dipilih kanggo mangsa setahun lan dipilih saka wakil nagara-nagara cilik lan madya.
Reformasi
[besut | besut sumber]Owah-owahan Piagam PBB ingkang ngowahi Bab X Piagam PBB, anggota ECOSOC ditambah, wiwitané 18 dadi 27 anggota ing taun 1965, lan dadi 54 anggota ing taun 1971.
Sajeroning sajarah, ECOSOC mligi minangka wahana dhiskusi kanggo bab ékonomi lan sosial. ECOSOC mung duwé kakuwasan sithik kanggo nglaksanakké sawijining langkah tindhakan lan sawatara nagara anggota ngrasa yèn pigunané mung marginal utawa sethithik banget. Sanajan mangkono, wiwit taun 1992, Amérikah Sarékat lan nagara-nagara liyané miwiti upaya supaya ECOSOC luwih relevan kanthi nguwataké kawicaksané ngenani tanggung jawab bab ékonomi, sosial lan babagan kang magepokan, mligi sajeroning nerusaké sasaran-sasaran pangyasa.
Reformasi mau ndadèkaké ECOSOC pembina (oversight) lan badan panata kawicaksanan kanggo aktivitas pangyasa operasional PBB lan badan èksekutif (cilik) kanggo Program Pangyasa PBB UNDP, UNFPA, lan UNICEF kang mènèhi agènsi-agènsi mau paugeran operasi lan ngundhakaké manajemen. Reformasi mau uga mènèhi kakuwatan marang ECOSOC supaya agènsi-agènsi PBB nganakaké koordinasi sajeroning ngayahi tugasé bab sing dadi kawigatèn umum, kaya déné pananggulangan narkotika, hak azasi manungsa, pangentasan kemelaratan, lan pencegahan HIV/AIDS.
Siji kasil positif saka reformasi ya iku carané sistem pangyasa PBB wiwit merèspon kanthi luwih padhu (coherent) lan efisièn marang krisis kamanungsan ing saindhenging donya. Reformasi kang diprakarsai déning Sekretaris Jenderal PBB Annan wis kasil mènèhi owah-owahan kang wigati tumrap terus nguwataké koordinasi antarané agènsi-agènsi kang ngayahi tugas kamanungsan.
Salah sijiné conto ya iku kaputusan ECOSOC ing taun 1994 kang mènèhi kakuwasan kanggo nggawé sawijining program PBB gabungan lan disponsori bareng-bareng kanggo nanggulangi HIV/AIDS. Program iki (UNAIDS) nggabungaké sumber daya lan ahli kang magepokan karo HIV/AIDS saka WHO, UNICEF, UNDP, UNFPA, UNESCO, lan Bank Donya sajeroning program global kang nyawiji, ngilangaké duplikasi lan ngundhakaké kaprigelan nagara-nagara anggota kanggo ngatasi wabah AIDS. Program iki diwiwiti ing sasi Januari 1966.
Komisi komisi fungsional
[besut | besut sumber]- Komisi PBB kanggo pangyasa sosial [1]
- Komisi PBB kanggo hak azasi manungsa (UNCHR) [2]: Dibubaraké taun 2006, diganti Dewan PBB kanggo hak azasi manungsa (UNHRC), organ ngisoran saka Sidang Umum PBB.
- Komisi Narkotika [3] Archived 2007-11-12 at the Wayback Machine.
- Komisi PBB kanggo pencegahan kriminal lan keadilan [4] Archived 2007-07-02 at the Wayback Machine.
- Komisi ngèlmu lan tèknologi kanggo pangyasa (CSTD) [5]
- Komisi Pangyasa berkelanjutan (CSD) [6]
- Komisi PBB bab status wanita (UN CSW) [7]
- Komisi PBB bab populasi lan pangyasa [8]
- Komisi Statistik PBB [9] Archived 2015-08-15 at the Wayback Machine.
- Forum PBB bab alas [10]
Komisi Regional
[besut | besut sumber]- ECOSOC Éropa (ECE)
- ECOSOC Afrika (ECA)
- ECOSOC Amérika Latin lan Karibia (ECLAC)
- ECOSOC Asia Pasifik (ESCAP)
- ECOSOC Asia Kulon (ESCWA)
Agènsi Kusus
[besut | besut sumber]Badan Khusus minangka organisasi otonom sing kerja bareng karo Perserikatan Bangsa-Bangsa lan saben liyane, antara liya liwat mesin koordinasi Dewan Ekonomi lan Sosial.
- ILO
- FAO
- UNESCO
- WHO
- Bank Donya
- IMF
- ICAO
- IMO
- ITU
- UPU
- WMO
- WIPO
- IFAD
- UNICEF
- UNIDO
- UNDP
- IRO (mandheg ing taun 1952)
- INCB
Réferènsi
[besut | besut sumber]Uga delengen
[besut | besut sumber]- Sistem PBB
- Sidang Umum PBB
- Dewan Keamanan PBB
- Dewan Perwalian PBB
- Sekretariat PBB
- Mahkamah Internasional
- Konsensus Kopenhagen
Pranala njaba
[besut | besut sumber]- United Nations Economic and Social Council**
- United Nations Economic and Social Development page
- United Nations Department of Economic and Social Affairs
- Congo - Conference of UN NGO's
- Global Policy Forum - Social and Economic Policy at the UN
- United Nations - Official site
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |