[go: up one dir, main page]

Menyang kontèn

Aqidah

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Artikel iki bagéyan saka sèri
Islam
Rukun Islam
Sahadat · Salat · Pasa
Jakat · Kaji
Rukun Iman
Allah · Kuran · Malaékat
Nabi · Dina Akhir
Qada & Qadar
Tokoh Islam
Mukamad
Nabi & Rasul · Sakabat
Ahlul Bait
Kutha suci
Mekkah ·Madinah · Yérusalem
Najaf · Karbala · Kufah
Kazimain · Mashhad ·Istanbul
Riyaya
Éjrah · Idul Fitri · Idul Adha
· Asyura · Ghadir Khum
Arsitèktur
Mesjid ·Menara ·Mihrab
Ka'bah · Arsitèktur Islam
Jabatan Fungsional
Khalifah ·Ulama ·
Imam·Mullah·Ayatullah · Mufti
Tèks & Ukum
Kuran ·Kadis · Sunah
Fiqih · Fatwa · Saréngat
Madahab
Sunni
Kanapi ·Kambali
Maliki ·Sapingi
Singah
Rolas Imam
Ismailiyah·Zaidiyah
Liyané
Ibadi · Khawarij
Murji'ah·Mu'taziliyah
Delengen uga
Gapura Islam
Indeks perkara Islam
Delengen uga: Iman (konsèp)

Ibn Qayyim al-Jawziyah, Muhammad ibn Abi Bakr Ibn Qayyim al-Jawziyah (1991). Tariq al-hijratayn wa-bab al-sa'adatayn. Dar al-Hadith (1991). kc. 30. </ref>[1][2][3] Cithakan:Aqidah Akidah (basa Arab: اَلْعَقِيْدَةُ; transliterasi: Aqidah) ing istilah Islam ingkang suraosipun iman. Sedaya sistem kapitadosan utawi keyakinan saged dipunanggep dados salah satunggaling akidah.

Ètimologi

[besut | besut sumber]

Ing basa Arab akidah asalipun saking tembung al-'aqdu (الْعَقْدُ) ingkang tegesipun ikatan, at-tautsiiqu (التَّوْثِيْقُ) ingkang tegesipun kapitadosan utawi keyakinan ingkang kiyat, al-ihkaamu (اْلإِحْكَامُ) ingkang tegesipun ngukuhaken (netepaken), dln ar-rabthu biquw-wah (الرَّبْطُ بِقُوَّةٍ) ingkang tegesipun ngiket kanthi kiyat.

Manawi miturut istilah (terminologi): 'akidah inggih punika iman ingkang teguh lan pesthi, ingkang boten wonten keraguan sakedhik kémawon kanggé tiyang ingkang nyakini.[4]

Dados, Akidah Islamiyyah inggih punika kaimanan ingkang teguh lan asipat pesthi dhumateng Allah kaliyan sadaya pelaksanaan kuwajiban, kanthi tauhid[5] lan tangat dhumateng-Panjenenganipun, gadhah iman dhumateng Malaékat-malaékat-Dalem, Rasul-rasul-Dalem, Kitab-kitab-Dalem, Dinten Pungkasan, takdir saé lan ala lan ngimani sadaya punapa-punapa ingkang sampun shahih babagan prinsip-prinsip Agami (Ushuluddin), prastawa-prastawa ingkang gaib, gadhah iman dhumateng punapa ingkang dados ijma' (konsènsus) saking Salafush Shalih, sarta sadaya pawarta-pawarta qath'i (pesthi), manawi kanthi èlmiah utawi kanthi amaliyah ingkang sampun dipuntetepaken miturut Kuran lan As-Sunat ingkang shahih sarta ijma' Salaf as-Shalih.[6]

Pamérangan akidah tauhid

[besut | besut sumber]

Manawi prakawis qadha' lan qadar dados ajang paslisihan ing kalangan umat Islam, nanging Allah sampun mbikak manah para hambaNipun ingkang gadhah iman, inggih punika para Salaf Shalih ingkang sapunika sami nglampahi margi leres ing pamahaman lan pendhapat. Miturut umat punika qadha' lan qadar inggih punika kalebet rububiyah Allah dhumateng maklukipun. Mila prastawa punika kalebet ing salebetipun salah satunggalipun ing antawisipun tigang macem tauhid miturut pamérangan ulama:

  • Tauhid Al-Uluhiyyah,
    ngesakan Allah ing ngibadah, inggih punika ngibadah namung dhumateng Allah lan namung amargi Panjenenganipun.
  • Tauhid Ar-Rububiyyah,
    ngesakan Allah ing tumindak-Dalem, inggih punika ngimani lan nyakini manawi namung Allah ingkang nyipta, nguwaosi lan ngatur alam semesta punika.
  • Tauhid Al-Asma' was-Sifat,
    ngesakan Allah ing asma lan sipat-Dalem, suraosipun ngimani manawi boten wonten makluk ingkang sarupi kaliyan Allah, ing dat, asma utawi sipat.

Iman dhumateng qadar inggih punika kalebet tauhid ar-rububiyah. Manawi makaten Imam Ahmad ngendika: "Qadar inggih punika kakuwaosan Allah". Amargi, boten syak malih, qadar (takdir) kalebet qudrat lan kakuwaosan Dalem ingkang nyeluruh. Sasanèsipun punika, qadar inggih punika wadi Allah ingkang-kasimpen, boten wonten satunggal tiyang kémawon ingkang saged mangertosi sanèsipun Panjenengan, kaserat ing Lauh Mahfuzh lan boten wonten satunggal tiyang kémawon ingkang saged ningali. Kita boten mangertosi takdir saé utawi ala ingkang sampun dipuntemtuaken kanggé kita utawi kanggé makluk sanèsipun, sanèsipun saksampuné kadadosan utawi dhedhasar nash ingkang leres.[7]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. al-Hanafi, Imam Ibn Abil-'Izz. Sharh At Tahawiyya. kc. 76.
  2. al-Safarayni, Muhamad bin Ahmad. Lawami' al-anwar al-Bahiyah. Dar al-Kutub al-Ilmiyah. kc. 1/128.
  3. Abd al-Wahhab, ibn Abd Allah, Ibn, Sulayman (1999). Taysir al-'Aziz al-Hamid fi sharh kitab al-Tawhid. 'Alam al-Kutub. kc. 17–19.
  4. Lisaanul 'Arab (IX/311:عقد) karya Ibnu Manzhur (séda th. 711 H) t lan Mu'jamul Wasiith (II/614:عقد).
  5. Tauhid Rububiyyah, Uluhiyyah, lan Asma' wa Shifat Allah.
  6. Pirsani Buhuuts fii 'Aqiidah Ahlis Sunat wal Jamaa'ah (kaca 11-12) déning Dr. Nashir bin 'Abdul Karim al-'Aql, cithakan II/ Daarul 'Ashimah/ th. 1419 H, 'Aqiidah Ahlis Sunat wal Jamaa'ah (kaca 13-14) karya Syaikh Muhammad bin Ibrahim al-Hamd lan Mujmal Ushuul Ahlis Sunat wal Jamaa'ah fil 'Aqiidah déning Dr. Nashir bin 'Abdul Karim al-'Aql.
  7. Disalin saking kitab Al-Qadha wal Qadar, èdhisi Indonésia Qadha & Qadhar, Panyusun Syaikh Muhammad Shalih Al-Utsaimin, Panerjemah A.Masykur Mz, Panerbit Darul Haq, Cithakan Rabi'ul Awwal 1420H/Juni 1999M

Réferènsi

[besut | besut sumber]
  • Kitab Syarah Aqidah Ahlus Sunat Wal Jama'ah déning Yazid bin Abdul Qadir Jawas.
  • Kitab Buhuuts fii 'Aqiidah Ahlis Sunat wal Jamaa'ah (kaca 11-12) déning Dr. Nashir bin 'Abdul Karim al-'Aql, 'Aqiidah Ahlis Sunat wal Jamaa'ah (kaca 13-14) karya Syaikh Muhammad bin Ibrahim al-Hamd lan Mujmal Ushuul Ahlis Sunat wal Jamaa'ah fil 'Aqiidah déning Dr. Nashir bin 'Abdul Karim al-'Aql.
  • Kitab Syarah Aqidah Ahlus Sunat Wal Jama'ah déning Yazid bin Abdul Qadir Jawas.

Pranala njaba

[besut | besut sumber]