Sulfasalazin
Jeneng sistematis (IUPAC) | |
---|---|
2-hydroxy-5-[(E)-2-{4-[(pyridin-2-yl)sulfamoyl]phenyl}diazen-1-yl]benzoic acid | |
Data klinis | |
Jeneng dagang | Azulfidine, Salazopyrin, Sulazine, others |
AHFS/Drugs.com | Monograph |
MedlinePlus | a682204 |
Data lisènsi | US Daily Med:link |
Kat. kehamilan | A(AU) B(US) |
Status hukum | POM (UK) ℞-only (US) |
Rute | By mouth |
Pharmacokinetic data | |
Bioavailabilitas | <15% |
Wektu paro | 5-10 hours |
Pangenal | |
Nomor CAS | 599-79-1 |
Kode ATC | A07EC01 |
PubChem | CID 5339 |
DrugBank | DB00795 |
ChemSpider | 10481900Cithakan:Chemspidercite |
UNII | 3XC8GUZ6CBCithakan:Fdacite |
KEGG | D00448 [kegg] |
ChEBI | CHEBI:9334 |
ChEMBL | CHEMBL421 |
Sinonim | Sulphasalazine |
Data kimia | |
Formula | C18H14N4O5S |
Massa mol. | 398.394 g/mol |
| |
Data fisik | |
Titik lebur | 240–245 °C (464–473 °F) (dec.) |
Sulfasalazin ya iku obat antiradhang sing dipigunakaké kanggo nambani gejala radhang usus utawa kolitis ulseratif, sing asring sinebut kolitis ulserativa. Obat iki ora nambani lelara usus ananging amung ngurangi gajala sing njedhul kaya ta panas, lara weteng, dhiaré lan pandarahan rektum. Obat iki makarya kanthi cara nglorogaké gejala radhang usus ing awak.[1] Sakliyané inambani lelara usus, obat iki uga dipigunakake nambani rheumatoid arthritis. Racaké, obat iki kasedhiya ing maujud tablèt utawa kaplèt salut èntérik sing kudu diolu kanthi kahanan wutuh. Obat iki duwé jeneng dagang Lazafin, Sulcolon, Sulfasalazin, Salivon, Sulfasalazine, lan Sulfitis.
Dhosis
[besut | besut sumber]Dhosis ngonsumsi sulfasalazin miturut lelara lan umur ya iku:
Gejala radhang usus utawa kolitis ulseratif
[besut | besut sumber]- Dhiwasa: wiwitan ngombé 1-2 gram sedina ping papat nganti pratandha becik. Sakwisé gejala sansaya apik, dhosis diudhunaké dadi 2 gram saben dina sing kapara dadi pirang-pirang jadwal konsumsi.
- Bocah sakdhuwuré 2 taun: dhosis wiwitan ya iku 40–60 mg saben kg bobot awak saben dina sing kepara dadi pirang-pirang jadwal konsumsi. Sakwisé gejala sansaya becik, dhosis bisa diudhunaké dadi 20–40 kg bobot awak saben dina sing kepara dadi pirang-pirang jadwal konsumsi.
Rheumatoid arthritis
[besut | besut sumber]- Dhiwasa: Dhosis saben minggu kapisan ya iku 500 mg saben dina, sakwisé iku, dhosis bisa diundhunaké 500 mg saben minggu. Dhosis maksimal ya iku 3 gram saben dina sing kepara dadi 2-4 jadwal konsumsi.
- Bocah sakdhuwuré 6 taun: dhosisé ya kuwi 30–50 mg saben kg bobot awak saben dina sing kepara dadi loro jadwal konsumsi. Ing wiwitan pangobatan, dhosisi sing diwènèhaké ya iku ¼ nganti 2/3 saka dhosis iku lan bisa diundhakaké saben minggu nganti nggayuh dhosis sing dikarepaké nganti wektu 1 sasi. Dhosis paling akèh ya iku 2 gram saben dina.[2]
Pèngetan
[besut | besut sumber]Sulfasalazin mungkinaké ngehambat kémotaksis leukosit lan ngurangi prodhuksi sitokin lan léukotrien sarta ningkataké pambentukan radhikal bébas.[3] Pawongan kang kudu ngati-ati ngonsumsi obat iki mliginé ing kahanan:
- Wanita kang lagi mbobot
- Panandhang ganggunan ginjel lan ati
- Panandhang kanthi riwayat asma bronkial lan alèrgi
- Panandhang kanthi risiko toksisitas hematologis lan hepatik
- Panandhang defisiensi G6PD
Sakwisé ngonsumsi obat iki kudu ngombé banyu putih kang akèh kanggo nyegah dumadiné kristaluria. Prayogané uga ora nyopir kendharaan lan nglakokaké mesin amarga bisa nyebabaké mumet.
Interaksi Obat
[besut | besut sumber]Jinis obat liya kang bisa agawé interaksi tartamtu nalika dipigunakaké bebarengan karo sulfasalazin ya iku:
Jinis obat | Interaksi |
Rifampisin, etambutol | Pamudhunan kadhar plasma sulfasalazin |
Azathioprin | Paningkatan toksisitas hematologis |
Obat kanggo terapi standra rheumatoid artritis | Micu èfèk leukopenia |
Asam folat | Ngehambat pengresepan asam folat |
Digoxin sèrum | Pamudhunan kadhar digoxin sèrum[4] |
Èfèk samping
[besut | besut sumber]Èfèk samping sing bisa ditepungi nalika ngonsumsi obat iki ya kuwi:
- Angèl turu
- Ora doyan mangan
- Mumet
- Ruam kulit
- Pamudhunan gunggung spèrma[5]
- Watuk
- Uyuh werna peteng
- Mukok-mukok
- Njedhul hipersensitif
- Agranulositosis
- Diskrasia getih[6]
Kapustakan
[besut | besut sumber]- ↑ Samiadi, Lika Aprilia (2020-05-11). "Sulfasalazine". Hello Sehat. Dibukak ing 2020-06-07.
- ↑ "Sulfasalazine". Alodokter. 2018-06-20. Dibukak ing 2020-06-09.
- ↑ "Behandling med sulfasalazin". Dansk Reumatologi. 2019-05-14. Diarsip saka sing asli ing 2020-06-07. Dibukak ing 2020-06-07.
- ↑ Olivia (2019-03-24). "Sulfasalazine". SehatQ. Diarsip saka sing asli ing 2020-06-07. Dibukak ing 2020-06-07.
- ↑ "Sulfasalazine itu Obat Apa?". Gue sehat. Dibukak ing 2020-06-09.
- ↑ "SULFASALAZIN". Pusat Informasi Obat Nasional Badan Pengawas Obat dan Makanan. Diarsip saka sing asli ing 2020-06-07. Dibukak ing 2020-06-07.