Silêmanî
Sulaymaniyah سلێمانی Slêmanî السليمانية | |
---|---|
Sesawangané kutha Sulaymaniyah | |
Koordhinat: 35°33′26″N 45°26′08″E / 35.55722°N 45.43556°EKoordhinat: 35°33′26″N 45°26′08″E / 35.55722°N 45.43556°E | |
Nagara | Irak |
Kagubernuran | Kagubernuran Sulaymaniyah |
Pamaréntahan | |
• Jinis | Council-manager |
• Gubernur | Haval Abobakir [2] |
Élepasi | 882 m (2.895 ft) |
Cacah warga (2016) | |
• Gunggung | 656,100[1] |
Zona wektu | UTC+3 (UTC+3) |
Situs wèb | http://www.sharawani.com |
Sulaymaniyah (Kurdhi: سلێمانی, Silêmanî; Arab: السليمانية, as-Sulaymāniyyah), uga karan Slemani, iku sawijining kutha ing Kurdhistan Irak. Sulaymaniyah dikupengi déning Pagunungan Azmer, Pagunungan Goyija, lan Pagunungan Qaiwan ing iring lor-wétan, Pagunungan Baranan ing iring kidul, lan Punthuk Tasluja ing iring kulon. Ing mangsa panas, kutha iki iklimé garing tur nemen panasé. Ing mangsa salju, iklimé adhem tur teles. Sulaymaniyah minangka kutha krajané prinsipalitas Baban Kurdhi kawit taun 1784 nganti 1850.
Kutha Sulaymaniyah sing modhèren diyasa tanggal 14 Novèmber 1784 déning pangéran Turki-Osmani nama Ibrahim Pasha Baban. Kutha iku dijenengi padha kaya jeneng bapaké Ibrahim Pasha Baban, ya iku Sulaiman Pasha.[3]
Kawit diyasa, Sulaymaniyah kaloka minangka punjering para juru gurit, juru anggit, ahli sajarah, ahli pulitik, winasis, lan juru nyanyi. Wong-wong sing kondhang saka Sulaymaniyah kaya ta Nalî, Mahwi, lan Piramerd.[4][5]
Dhémografi
[besut | besut sumber]Ing taun 1820, 26 taun sawisé kutha iki diyasa, ana wong saka Inggris nama Rech nekani kutha iki lan matara yèn cacah wargané kutha iki luwih saka sepuluh éwu. Saka cacah mau, cacah kulawarga ana 2.144 sing kapantha dadi 2.000 wong Islam, 130 wong Yahudi, lan 14 wong Kristen.[6] Dhokumèn pamaréntah Osmani saka taun 1907 matara yèn ana udakara 8.702 wong Islam lan 360 wong non-Islam sing ndunungi kutha iki ing taun samana. Kalawarta Peshkawtin sing sumebar ing Sulaymaniyah ing taun 1920 matara yèn warga Sulaymaniyah ana udakara sepuluh èwu. Ing wulan Sèptèmber 2016, Candhi Geni Zoroaster sing pisanan ing Kurdhistan diyasa ing Sulaymaniyah.[7]
Miturut dhokumèn saka pamaréntah Irak, ing taun 1947 cacahé warga sing ndunungi wewengkon iki wis nyandhak wong 23.475; ing taun 1998 nyandhak wong 548.747, lan taun 2009 nyandhak wong 2.000.000.[6]
Pawiyatan
[besut | besut sumber]Pawiyatan umum saka sekolah dhasar tekan wisudha universitas iku gratis ing Sulaymaniyah. Universitas Sulaymaniyah dibuka ing taun 1968 lan pamulangé nganggo basa Kurdhi, Arab, lan Inggris. Universitas iku duwé fakultas babagan tèhnik, tetanèn, kagunan, kawruh alam, lan kadhokteran. Universitas mau minangka sing tuwa dhéwé ing Kurdhistan Kidul.
Ing Universitas Sulaymaniyah[8] diyasa ing taun 1991, lan pamulangé nganggo basa Kurdhi, Inggris, lan Arab. Universitas anyar kapindho ya iku Universitas Politèhnik Sulaimani[9] sing diyasa ing taun 2012, lan pamulangé uga nganggo basa Kurdhi, Inggris, lan Arab.
Pariwisata
[besut | besut sumber]Ana luwih saka 60.000 wong sing plesir nekani kutha iki ing taun 2009.[10] Ing taun 2010, Sulaymaniyah narik kawigatèné wong Iran sing plesiran cacah 15.000 punjul. Karaméan Newroz ing taun 2010 narik kawigatèné akèh wong Iran sing padha plesir menyang wewengkon iki saperlu ngraméni karaméan mau.[11]
Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ http://www.citypopulation.de/Iraq-Cities.html
- ↑ "Sulaimani Polytechnic University". Sulaimani Polytechnic University. 2015-06-13. Diarsip saka sing asli ing 2018-12-25. Dibukak ing 2015-06-13.
- ↑ Ali, Meer Ako. "Sulaimany: 227 years of glory". kurdistantribune.com. Dibukak ing 2 January 2014.
- ↑ Salih Rasha, Akram. Sulaymaniyah 200 Years. Sulaymaniyah, Kurdistan. kc. 503–504.
- ↑ slimany
- ↑ a b ckb:سلێمانی
- ↑ The first Kurdish Zoroastrian temple opened in Iraqi Kurdistan http://ekurd.net/zoroastrian-temple-kurdistan-2016-09-22
- ↑ "University of Sulaimani". Univsul.org. Diarsip saka sing asli ing 2018-01-20. Dibukak ing 2012-08-09.
- ↑ "Sulaimani Polytechnic University". spu.edu.iq. Dibukak ing 2014-10-24.
- ↑ "Rudaw.NL, dé Opinieblog…". Rudaw.nl. Dibukak ing 2012-08-09.
- ↑ "Rudaw.NL, dé Opinieblog…". Rudaw.nl. Dibukak ing 2012-08-09.