[go: up one dir, main page]

Menyang kontèn

Limpa

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Katon sisih manungsa, pérangan awarna ijo iku lokasi limpa

Limpa iku klanjer tanpa saluran (ductless) kang magepokan karo [[sistem saliyané sirkulasi]] lan duwé fungsi ngajuraké sèl getih abang tuwa. Limpa kalebu salah siji organ sistem limfoid, saliyané timus, tonsil, lan klanjer limfe.[1] Sistem limfoid duwé fungsi kanggo ngayomi awak saka karusakan akibat dat asing. Sèl-sèl ing sistem iki ingkenal minangka sèl imunokompeten yaiku sèl kang mampu mbédakaké sèl awak karo dat asing lan nyelenggarakaké inaktivasi utawa perusakan barang-barang asing [2]. Sèl imunokompeten dumadi saka

Anatomi lan Fungsi

[besut | besut sumber]

Limpa minangka organ limfoid gedhé dhéwé lan dumunung ing pérangan ngarep lan cedhak geger gronggongan weteng antarané ingafragma lan lambung [3]. Sacara anatomis, pinggiran limpa kang normal awangun pipih. Fungsi limpa yaiku ngakumulasi limfosit lan makrofaga, degradasi eritrosit, papan cadhangan getih, lan minangka organ pertahanan marang infèksi partikel asing kang lumebu sajeroning getih [2].

Limpa dibungkus déning kapsula, kang dumadi saka dua lapisan, yaiku siji lapisan jaringan penyokong kang kandel lan siji lapisan otot alus. Perpanjangan kapsula sajeroning parenkim limpa diarani trabekula. Trabekula ngandhut artèri, véna, saraf, lan pembuluh limfe [1]. Parenkim limpa diarani pulpa kang dumadi saka pulpa abang lan pulpa putih [3]. Pulpa abang awarna abang peteng ing potongan limpa kang seger. Pulpa abang dumadi saka sinusoid limpa [3]. Pulpa putih kasebar sajeroning pulpa abang, awangun oval lan awarna putih klawu. Pulpa putih dumadi saka pariarteriolar limphoid sheats (PALS), folikel limfoid, lan zona marginal. Folikel limfoid lumrahé kasusun sajeroning sèl limfosit B, makrofaga, lan sèl debri [4]

Peradangan Limpa

[besut | besut sumber]

Peradangan limpa diarani splenitis [4]. Patologi limpa akibat peradangan bisa asipat akut, kronis, granulomatous, utawa absès [4]. Bab iki racaké bisa diamati ing pulpa abang. Saliyané iku, inflamasi limpa sekundhèr bisa kadadéan akibat tumor. Pendarahan bisa kadadéan akibat paparan bahan kimia utawa radhiasi [4].

Sacara histologis, ana kesulitan kanggo mbédakaké hemoragi, kongèsti, utawa angiektasis saka kondhisi fisiologis limpa amarga organ iki duwé akèh sèl eritrosit [4]. Tumrap indhividhu anom, histopatologi splenitis akibat racun kang akut yaiku anané pusat germinal epiteloid. Saliyané iku, infèksi bakteri gram négatif kang parah ing saluran pencernaan ing kéwan anom bisa njalari dumadiné fokus kolonisasi bakteri ing limpa [5]. Ing kéwan kang luwih tuwa, histopatologi splenitis yaiku anané neutrofil ing zona mantel sinus lan penurunan gunggung sèl ing sentra germinativum.[5]

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. a b Aughey E, Frye FL. 2001. Comparative Veterinary Histology with Clinical Correlates. London: Iowa State University Press. Hlm 215-226, 250-251
  2. a b c Junquereira LC, Carneiro J. 1982. Histologi Dasar. Ed ke-3. Dharma A, penerjemah. Jakarta: EGC. Terjemahan dari: Basic Histology. Hlm 287-308, 323-335.
  3. a b c Geneser F. 1994. Buku Teks Histologi Jilid 2. Gunawijaya AF, penerjemah. Jakarta: Binarupa Aksara. Terjemahan saka: Textbook of Histology.
  4. a b c d e Ward JM, Mann PC, Morishima H, Frith CH. 1999. Thymus, Spleen, and Lymph Nodes. Ing dalam: Maronpot RR, GA Boorman, BW Gaul, Eingtor. Pathology of the Mouse Reference and Atlas. Vienna: Cache River Press. Hlm 333-357
  5. a b Valli VEO, Parry BW. 1993. The Hematopietic System. Ing dalam: Jubb KVF, Kennedy PC, Palmer N, Eingtor. Pathology of Domestic Animals Volume 3. Ed ke-4. California: Academic Press. Hlm 234-236.

Gambar-gambar

[besut | besut sumber]
Sistem limfatik - edit

Simpul limfa | Limfa | Limfosit | Saluran limfa | Duktus toraks | Sumsum balung | Limpa | Timus | Amandel