Jambu ménté
Jambu ménté | |
---|---|
Jambu ménté ing Guinea. | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Plantae |
Unranked: | Angiospermae |
Unranked: | Eudicots |
Unranked: | Rosids |
Ordho: | Sapindales |
Famili: | Anacardiaceae |
Génus: | Anacardium |
Spésies: | A. occidentale |
Jeneng binomial | |
Anacardium occidentale L. |
Jambu ménté utawa jambu mété (Anacardium occidentale) ya iku jinis tuwuhan saka suku Anacardiaceae kang asalé saka Brasil lan duwé "woh" kang bisa dipangan. Kang kondhang saka jambu mété ya iku kacang mété utawa kacang ménté; wijiné kang racaké digaringké lan digoreng kanggo digawé panganan. Kanthi cara botani, tuwuhan iki dudu anggota jambu-jambuan (Myrtaceae) apamanèh kacang-kacangan (Fabaceae), nanging malah luwih cedhak kekerabatannè karo pelem (suku Anacardiaceae).
Aran liya
[besut | besut sumber]Dikenal uga kanthi aran kaya jambu mèdè (Sd.); jambu mede utawa jambu mete (Id.); jhambu monyèt (Md.); jambu dwipa, jambu jipang, nyambu monyèt (Bl.); nyambuk nyĕbèt (Sas.); jambu érang, jambu monyét (Mink.); jambu dipa (Banj.); buwah monyet (Timor); buwah yaki (Manado); buwa yakis, wo yakis (Sulut); buwa yaki (Ternate, Tidore); buwa jakis (Galela); jambu daré, jambu masong (Mak.); jampu sèrĕng, jampu tapĕsi (Bug.); méntol mété (Srd.) lan liya-liya.[1]
Ing basa Inggris diarani cashew (tree), kang dijupuk saka tembung Portugis kanggo ngarani wohé, caju, kang satemené uga silihan saka tembung basa Tupi, acajú. Lan jeneng génus (Anacardium) ngrujuk marang wujud woh sakabèhè kang kaya jantung kuwalik.
Pemerian
[besut | besut sumber]Wit ukuran sedheng, dhuwur nganti 12 m, kanthi tajuk amba, akèh pang, lan ijo terus. Tajuk bisa dadi dhuwur lan nyempit, utawa cendhek lan amba, bergantung karo kondisi lingkungané.[2] Godhong-godhonge manggon ing pucuk pang. Helai godhong duwé tangkai, bunder telur kuwalik, akèh kang pucuke lancip lan ujung bunder, nekuk manjero, gundhul, 8–22 × 5–13 cm.[3]
Berumah satu (monoesis), kembang kelamin campuran, ngumpul ing sewoh malai rata rambut alus, ambané 15–25 cm. Kelopak ana rambuté, 4–5 mm. Makutha lancip, lk 1 cm, putih banjur abang, ana rambuté. Woh geluk awarna soklat tuwa, bengkok, dhuwure lk 3 cm.[3]
Kagunan
[besut | besut sumber]Ajiné nutrisi saben 100 g (3.5 oz) | |
---|---|
Ènergi | 2,314 kJ (553 kkal) |
30.19 g | |
Gula | 5.91 g |
Serat panganan | 3.3 g |
43.85 g | |
18.22 g | |
Vitamin | |
Tiamin (B1) | (37%) .42 mg |
Riboflavin (B2) | (5%) .06 mg |
Niasin (B3) | (7%) 1.06 mg |
Asem pantotènik (B5) | (17%) .86 mg |
Vitamin B6 | (32%) .42 mg |
Folat (B9) | (6%) 25 μg |
Vitamin C | (1%) .5 mg |
Mineral | |
Kalsium | (4%) 37 mg |
Wesi | (51%) 6.68 mg |
Magnésium | (82%) 292 mg |
Fosforus | (85%) 593 mg |
Potasium | (14%) 660 mg |
Sèng | (61%) 5.78 mg |
| |
Persèntase sadarma pangira-ira sarana pamrayoga ing AS tumrap wong diwasa. |
Tuwuhan iki dirembakaké mligi kanggo dijupuk woh sajatiné. Kang dikenal umum minangka "woh", ya iku pérangan empuk kang membengkak wernané kuning utawa abang, satemené ya iku dasaré kembang (receptaculum) kang ngembang sawisé ana pembuahan. Woh satemené ya iku pérangan "monyet"é kang atos, coklat semu ireng isiné wiji kang bisa diolah dadi panganan; ya iku kacang mètè kang ènak.[4] Kanthi cara tradhisional kacang iki racaké digoreng kanggo nyamikan karo ngombé teh utawa kopi; éwodéné kanthi cara modern saiki akèh minangka isi kanggo ngias panganan kaya coklat lan kué-kué.
Sanajan dianggep kacang ing donya boga, ing ngèlmu botani kacang mètè satemené kalebu wiji tunggal saka woh sajatiné. Wiji iki diubengi karo thothok ganda kang ngetokaké getah kang ngemu urushiol, kang bisa gawé iritasi kulit manungsa. Ana wong alergi kacang mètè, nanging satemené kacang mètè arang gawé alergi tumrap manungsa yèn dibandingké karo kacang liyané. Saka kacang mete uga olèh diekstrak lenga kang dhuwur kualitasé. Kasil sampingé, ya iku kulit wiji, dimupangataké kanggo pakan unggas. Sajinis lenga uga diasilaké saka thothok woh mètè (CNSL, cashew nut shell liquid), kang dinggo déning indhustri lan uga minangka bahan kanggo ngawètaké kayu utawa jala.[4]
Cathetan sikil
[besut | besut sumber]- ↑ Austria Tumbuhan Berguna Indonesia, jil. 2:1223-1225. Terj. Yayasan Sarana Wana Jaya, Jakarta
- ↑ ICRAF Agroforestry Database: Anacardium_occidentale L.[pranala mati permanèn]
- ↑ a b Austria Flora, kanggo sekolah di Indonesia. PT Pradnya Paramita, Jakarta. Hal. 271
- ↑ a b Austria Anacardium occidentale L. Archived 2021-08-20 at the Wayback Machine. dalam Austria (eds.) 1997. Sumber Daya Nabati Asia Tenggara 2: Woh-wohan kang éntuk dipangan. PROSEA – Gramedia. Jakarta. ISBN 979-511-672-2 Hal. 61-64
Pranala njaba
[besut | besut sumber]Wikimedia Commons duwé médhia ngenani Anacardium occidentale. |
- Handbook of Energy Crops - Anacardium occidentale L.
- Morton, Julia F. Fruits of Warm Climates. ISBN 978-0-9610184-1-2
- Pillai, Rajmohan and Santha, P. The World Cashew Industry Archived 2012-11-03 at the Wayback Machine. (Rajan Pillai Foundation, Kollam, 2008)
- Masasi High Quality Farmers' Products Archived 2011-08-20 at the Wayback Machine.: Smallholder Cashew Production in Masasi, Tanzania