[go: up one dir, main page]

Menyang kontèn

Cupakabra

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Gegambaran grafisé Cupakabra

Cupakabra utawa chupacabras (pangucap cara Spanyol: [tʃupaˈkaβɾas], tegesé "panyerot-wedhus"; saka "chupar", "nyerot", lan "cabra", "wedhus") ya iku makluk legéndharis ing folklor saka Amérikah, kanthi weweruhané kang kawitan kang diakoni dilapuraké ana ing Puérto Riko.[1] Jeneng iku asalé saka tebiyaté kéwan mau, ya iku nyerang rajakaya lan ngombé getihé, mligi wedhus.

Gegambaran awaké makluk iku manéka warna. Makluk iku dipitaya nduwé awak kang abot, kanthi ukuraning padha kaya bruwang cilik, kanthi sadèrètan balung lancip ana ing gegeré saka guluné tekan buntuté.

Weweruhan kang uwis tau diseksèni uwis tau diakoni ana ing taun 1995 ing Puérto Riko, lan awit kuwi uga kalapuraké ana weweruhan liyané paling lor ing Maine, lan paling kidul ing Chili, lan uga tau ana kang menangi ing sanjabané Amérikah, ing nagara-nagara kaya déné Ruslan lan Filipina, nanging akèh lapuran kang ora dipitaya amarga kurang bukti-buktiné. Weweruhan ing Meksiko lor lan Amérikah Sarékat kidul uwis dibuktèkaké minangka canidaé kang kesambet lelara kudis.[2] Miturut sawenèh ahli biologi lan panggedhéné manajemen kauripan alasan, cupakabra mono amung dongèng urban.[3]

Sajarah

[besut | besut sumber]

Serangan kawitan kang tau dilapuraké kelakon ing wulan Maret taun 1995 ing Puérto Riko.[4] Ing serangan iki, Wedhus gembel cacah wolu tinemu mati, lan ing saben wedhus ana tatu tujesan cacah telu ing dhadhané lan kentèkan getih.[4] Sawenèh wulan sawisé, ing wulan Agustus, sawijining seksi, Madelyne Tolentino, nglapuraké yèn dhèwèké menangi makluk kuwi ing sawijining kutha ing Puérto Riko ajeneng Kanóvanas, nalika akèhé 150 rajakaya lan ingon-ingon dilapuraké winunuh.[4] Ing taun 1975, pepati kang mèmper uga kadadéan ing kutha cilik ajeneng Moka kang digayutaké marang El Vampiro de Moca (Vampiré Moka).[5] Awal mulané, tinarka yèn pepati kuwi dilakokaké déning kultus Sètan; sabanjuré, pepati kang tansaya akèh dilapuraké ing saubengé pulo mau, lan akèh paternakan kang rajabranané mati. Saben kéwan kalapuraké yèn kéwan-kéwan iku mati kentèkan getih sarana sawenèh bedhèlan cilik ing awaké kang dhapuré nglingker.

Juru banyol lan wirausahawan saka Puérto Riko, Silverio Pérez diakoni minangka kang nyipta istilah chupacabras sawisé kadadéan kang kawitan dilapuraké marang pèrs. Ora let suwé sawisé kadadéan kawitan ing Puérto Riko kang kalapuraké, patiné kéwan-kéwan liyané uga dilapuraké ana ing nagara-nagara liya, kaya ta Républik Dominika, Argentina, Bolivia, Chili, Kolombia, Honduras, El Salvador, Nikaragua, Panama, Peru, Brasil, Amérikah Sarékat, lan Meksiko.[4]

Legéndha kang ana gandhèng cenengé

[besut | besut sumber]

Legéndha kang kondhang ing New Orleans gegayutan karo sawijining lajur karan Dalan Grunch, kang dinuga yèn ana makluk karan "grunches" ndunungi papan kuwi, makluk kuwi praèné mèmper karo Cupakabra.

Peuchen saka Chili uga mèmper ing bab tebiyat, nanging praèné ora digambaraké kaya asu nanging kaya ula kang nduwé sewiwi. Legéndha iki bokmenawa asalé saka lawa vampir, kéwan kang asliné saka wewengkon kana.[6]

Ing Filipina, ana makluk legéndharis liya kang diarani Sigbin kang gegambarané uga mèmper karo Cupakabra. Tetemon anyar ngenani kucing-garangan ing Asia Kidul-Wétan mratèlaké yèn weweruhan kuwi uga bisa waé weweruhan saka makluk kang ora dimangertèni iki.[7]

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. "Illegal Immigrants Frightened by Raid Rumors; George Bush: "The Decider"; "Happy Slapping"". CNN. May 2, 2006. Dibukak ing October 5, 2007.
  2. Radford, Benjamin (2011). Tracking the Chupacabra: The Vampire Beast in Fact, Fiction and Folklore. ISBN 9780826350152.
  3. Miried Gonzalez Rodriguez. Dizfrazado el chupacabras . Puerto Rico: Primera Hora.
  4. a b c d Stephen Wagner. "On the trail of the Chupacabras". Dibukak ing October 5, 2007.
  5. Stephen Wagner. "Encounters with Chupacabras". Dibukak ing October 5, 2007.
  6. Article: Tras los pasos del chupacabras.
  7. Meek, James (2005-12-07). "On the trail of the Borneo cat-fox". The Guardian. Dibukak ing 2007-07-23.