[go: up one dir, main page]

Menyang kontèn

Rosihan Anwar

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Versi yang bisa dicetak tidak lagi didukung dan mungkin memiliki kesalahan tampilan. Tolong perbarui markah penjelajah Anda dan gunakan fungsi cetak penjelajah yang baku.
Rosihan Anwar
Lair(1922-05-10)10 Mèi 1922
Nèderlan Kubang Nan Dua, Sirukam, Kabupatèn Solok, Pasisir Kulon Sumatra, Hindhia Nèderlan
PatiApril 14, 2011(2011-04-14) (umur 88)
Indhonésia Jakarta, Indonésia
PakaryanPenulis, Wartawan, Jurnalis
BojoSiti Zuraida

H. Rosihan Anwar (lair ing Kubang Nan Dua, Sirukam, Kabupatèn Solok, 10 Mèi 1922 – pati ing Jakarta, 14 April 2011 ing umur 88 taun) inggih punika tokoh pers Indonésia, sanajan panjenenganipun langkung trep dipunsebat minangka sajarawan, sastrawan, utawi budayawan.[1] Rosihan ingkang miwiti kariér jurnalistik wiwit yuswa 20-an, kacathet sampun nyerat 21 irah-irahan buku lan kamungkinan atusan artikel ing mèh sadaya koran lan kalawarti mliginipun ing Indonésia lan ing sawatawis panerbitan saking mancanegari.[1]

Rosihan gesang ing wekdal 'multi-jaman'.[1] Nalika wekdal perjuangan, panjenenganipun naté dipunsekap déning panjajah Walanda ing Bukitduri, Jakarta Kidul.[1] Salajengipun ing wekdal Présidhèn Soekarno, koran kagunganipun Rosihan, 'Pedoman' ing taun 1961 dipuntutup déning rezim nalika samanten.[1] Nanging ing peralihan pamaréntah Ordhe Ènggal, Rosihan pikantuk bebingah minangka wartawan wiwit jaman sadèrèngipun Révolusi Indonésia lan pikantuk bebingah Bintang Mahaputra III, kaliyan tokoh pres Jakob Oetama.[1]

Rosihan ingkang ugi dados pangadhegipun Perusahaan Film Nasional (Perfini) kaliyan (alm) Usmar Ismail ing taun 1950 punika ugi naté main filem Tjut Nyak Dien (1988).[1] Rosihan Anwar sampun tilar donya nalika tanggal 14 April 2011.[2]

Cathetan suku

  1. a b c d e f g Rosihan Anwar dipunundhuh tanggal 22 September 2011)
  2. Rosihan Anwar, Wartawan Lima Zaman Archived 2011-08-21 at the Wayback Machine. dipunundhuh tanggal 22 September 2011)

Pranala njawi

Rosihan Anwar, Wartawan Lima Zaman Archived 2011-08-21 at the Wayback Machine.